1 Nalika Israel isih nom, Sunkasihisarta saka ing Mesir putraningSun iku Suntimbali.
2 Saya kerep anggoningSun nimbali,saya banget anggone ngungkurake Ingsun,padha sesaji kurban marang para Baal,sarta ngobong kurban kanggo reca-reca.
3 Mangka Ingsun kang netah marang Efraim,Ingsun kang mbopong,ewasamono padha ora gelem ngrumangsani, yen Ingsun kang nyarasake.
4 Sungendeng kalawan talining kasetyaan,iya kalawan tetalenaning katresnan.Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange,Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan.
5 Wong-wong iku kudu padha bali menyang tanah Mesir,sarta Asyur kang bakal dadi ratune,marga padha ora gelem mratobat.