7 UmatingSun betah ngungkurake Ingsun,padha njaluk tulung marang Baal,lan leren anggone ngluhurake asmaningSun.
8 He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira,ngulungake sira, he Israel!Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma,ndadekake sira kaya Zeboim!PanggalihingSun dadi pulih,sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.
9 Ingsun ora bakal nandukake bebenduningSun kang mulad-mulad,Efraim ora Suntumpes maneh,marga Ingsun iki Allah lan dudu manungsa,Kang Mahasuci ana ing tengahira,sarta Ingsun ora rawuh arep mbesmi.
10 Wong-wong iku bakal padha manut marang Pangeran Yehuwah,Pangeran bakal nggero kaya singa.Sanyata, Panjenengane bakal nggero,para putra nuli bakal padha sowansaka ing sisih kulon kanthi gumeter,
11 kaya manuk kang teka saka ing tanah Mesir kalawan gumeter,lan kaya manuk dara saka ing tanah Asyur,sarta bakal padha Sunpapanake ana ing omahe dhewe-dhewe, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah.