1 Ingsun wus dikepung dening Efraim kalawan dora-cara,lan kalawan apus dening turune Israel,dene Yehuda ngilang saka ing sacelake Gusti Allah,saka ing sacelake Kang Mahasuci kang setya.
2 Efraim iku njaga angin,lan mburu angin wetan sedina muput,ngakehake tindak cidra lan panganiaya,padha gawe prajanjian karo Asyur,lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.
3 Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda,lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe,sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.
4 Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure,sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.
5 Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul,kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane.Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane,lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene: