4 Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure,sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.
5 Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul,kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane.Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane,lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene:
6 -- Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah,kang asma Yehuwah. --
7 “Sira iku kudu mratobat marang Allahira,netepana katresnan lan angger-angger,sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”
8 Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra,lan kang seneng memeres,
9 pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih,wus oleh raja-brana.Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputankang ateges dosa tumrap aku.”
10 Nanging Ingsun iki Yehuwah,Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir.Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub manehkaya ing dina-dina riyaya.