1 Samangsa Efraim celathu, wong-wong padha gumeter;diajeni banget ana ing satengahe Israel,nanging banjur kaluputan marga nyembah Baal, temahan mati.
2 Tekan saiki padha terus bae anggone gawe dosa,sarta gawe reca cor-coran salaka,iya gawe brahala-brahala manut kapinterane;kabeh iku gaweane para tukang.Wong-wong padha dicelathoni: Padha saosa kurban!Manungsa kareben ngabekti marang pedhet-pedhet!
3 Mulane bakal padha kaya pedhut ing wayah esukutawa kayadene ebun kang esuk umun-umun ilang,lan kaya mrambut kang kabur ing angin saka ing panuton.Iya kaya kukus kang metu saka ing cendhela.
4 Nanging Ingsun iki Yehuwah Allahira,wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir;sira ora wanuh allah liyane, kajaba Ingsun,iya ora ana Juruslamet maneh liyane Ingsun.
5 Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan,tanah kang banget panase.