6 Bareng wus padha mangan suket, banjur bisa wareg,bareng wus wareg, nuli kumalungkung,temahan padha lali marang Ingsun.
7 Mulane Ingsun dadi kayadene singa tumrap wong-wong iku,lan kaya macan tutul, Ingsun ndhedhep ana ing pinggir dalan.
8 Ingsun ngrawuhi wong-wong iku kaya bruwang wadon kang kelangan anak,Sunsuwek-suwek dhadhane.Sunmangsa ana ing kono, kaya singa,banjur bakal kaowol-owol dening sato galak ing ara-ara.
9 He Israel, Ingsun bakal nyirnakake sira,sapa kang bisa mitulungi sira?
10 Ratumu ana ngendi ta,kang banjur mitulungi sira,lan para pangarepira kang nuli menehi kaadilan marang sira,heh, sira kang ngucap: “Kula mugi kaparinganaratu kaliyan pangageng-pangageng?”
11 Sira Sunparingi ratu sajroning bebenduningSun,sarta kang Sunpundhut sajroning bramatyaningSun.
12 Durakane Efraim kabuntel,dosane disimpen.