2 He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu,dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.
3 Padha ngaturna kaduwungmu,sarta mratobata marang Sang Yehuwah,munjuka marang Panjenengane:“Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan,ingkang sae mugi lajeng kaparingna,nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.
4 Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya;kawula boten badhe numpak kapal,saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula!dhateng dedamelaning tangan kawula,margi Paduka ngasihi lare lola.”
5 Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade,lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih,marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.
6 Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel,dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung,lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon.
7 Pang-pange padha sumrambah,sarta endahe kaya wit jaitun,lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon.
8 Wong-wong mau bakal padha balilan manggon ing pangayomaningSun,lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum;sarta bakal padha kembang kaya wit anggur,kang misuwur kaya anggur ing Libanon.