1 “Biyungira lapurna, iya lapurna,awitdene iku dudu garwaningSun,lan Ingsun iki dudu kakunge;konen mbuwang panyundele saka ing raine,lan anggone laku jina saka ing selaning susune,
2 supaya aja nganti Sundhedheli sandhangane kongsi wuda,Sundadekake padha kaya ing nalika laire,Sundamel kaya pasamunan,Sundadekake kaya tanah mati,banjur Suntegakake nganti mati kasatan.
3 Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi,awitdene iku padha anak sundel.
4 Marga biyunge dadi sundel;kang ngetengake wus nindakake kanisthan,awit pangucape: Aku arep ngetutake para bedhanganku,kang aweh roti lan banyu pangombenkukain wol lan lenaku, lengan lan omben-ombenku.