13 “Kang iku, dheweke bakal Sunarih-arih,sarta Sunajak menyang ing pasamunan,lan Sunpangandikani kang gawe leganing atine.
14 Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana,apadene Sunparingi lebak Akhorminangka gapuraning pangarep-arep.Ana ing kono dheweke bakal ngidung-ngidung kaya nalika isih enom,kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir.
15 Ing dina iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah --,Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula,lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula!
16 Karomaneh jenenge sakehe Baal bakal Sunbirat saka ing cangkemira,banjur ora disebut-sebut maneh.
17 Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjiankaro sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang,apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi.Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi,tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.
18 Sira bakal Sunpundhut garwa kanggo ing salawas-lawase,lan anggoningSun mundhut garwa sira iku kalawan kaadilan lan kabeneran,sarta kalawan sih-susetya lan sih-katresnan.
19 Sira bakal Sunpundhut garwa kalawan setya-tuhu,satemah sira bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah.