19 Sira bakal Sunpundhut garwa kalawan setya-tuhu,satemah sira bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah.
20 Ing nalika iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah --Ingsun bakal midhangetake marang langit,lan langit bakal ngrungokake marang bumi.
21 Bumi bakal ngrungokake marang gandum, anggur lan lenga,sarta iku bakal padha ngrungokake marang Yizreel.
22 Tumuli iku bakal Sunsebar ana ing bumi lan dadi kagunganingSun,lan Ingsun bakal paring piwelas marang Lo-Rukhama,tuwin Ingsun bakal ngandika marang Lo-Ami, iku:Sira iku umatingSun!Dene iku bakal munjuk: Dhuh Allah kawula!”