1 He, para imam, padha ngrungokna,he, umat Israel, padha nggatekna,he, para kulawarganing ratu, nilingna kupingira,awitdene paukuman iku tumuju marang sira,marga sira wus dadi kala-jiret tumrap Mizpa,lan dadi jaring kang kajereng ana ing gunung Tabor,
2 lan kaya luwangan kang didhudhuk ing lebak Sitim,mulane iku bakal Sunrangket kabeh.
3 Ingsun iku wanuh marang Efraim,sarta ora kekilapan mungguh kaanane Israel,awit sira wus laku jina, he Efraim;lan Israel wus najisake awake dhewe.
4 Pratingkah-pratingkahe ora ngolehakewong-wong mau padha mratobat marang Allahe,marga padha kadunungan rohing laku jina,sarta ora padha wanuh marang Pangeran Yehuwah.
5 Gumunggunge Israel dadi seksi tumrap awake dhewe,Efraim bakal keplesed tiba marga saka salahe dhewe,tuwin Yehuda uga melu keplesed.
6 Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwahkalawan nggawa kurban wedhus lan sapi,nanging ora bakal ketemu,Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku.