3 Ingsun iku wanuh marang Efraim,sarta ora kekilapan mungguh kaanane Israel,awit sira wus laku jina, he Efraim;lan Israel wus najisake awake dhewe.
4 Pratingkah-pratingkahe ora ngolehakewong-wong mau padha mratobat marang Allahe,marga padha kadunungan rohing laku jina,sarta ora padha wanuh marang Pangeran Yehuwah.
5 Gumunggunge Israel dadi seksi tumrap awake dhewe,Efraim bakal keplesed tiba marga saka salahe dhewe,tuwin Yehuda uga melu keplesed.
6 Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwahkalawan nggawa kurban wedhus lan sapi,nanging ora bakal ketemu,Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku.
7 Amarga wus padha cidra marang Sang Yehuwah,awit wus padha nglairake anak-anak kang ora absah,saiki si pengrusa bakal mangsa wong-wong mau dalah tegale.
8 Ngunekna kalasangka ana ing Gibea,ngunekna nafiri ana ing Rama,surak-suraka ana ing Bet-Awen,he, Benyamin, gumetera!
9 Efraim bakal dadi cengkaring dinane paukuman;Ingsun ndhawuhake kang wus kapesthekaketumrap talere bani Israel.