6 Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwahkalawan nggawa kurban wedhus lan sapi,nanging ora bakal ketemu,Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku.
7 Amarga wus padha cidra marang Sang Yehuwah,awit wus padha nglairake anak-anak kang ora absah,saiki si pengrusa bakal mangsa wong-wong mau dalah tegale.
8 Ngunekna kalasangka ana ing Gibea,ngunekna nafiri ana ing Rama,surak-suraka ana ing Bet-Awen,he, Benyamin, gumetera!
9 Efraim bakal dadi cengkaring dinane paukuman;Ingsun ndhawuhake kang wus kapesthekaketumrap talere bani Israel.
10 Para panggedhene Yehudaiku padha kaya wong kang ngelih wates;bakal padha SunesokibebenduningSun kaya banyu.
11 Efraim wus katindhes, karemuk dening paukuman,awit kenceng anggone ngenut kang tanpa guna.
12 Mulane Ingsun bakal kayadene renget tumrap Efraim,lan kaya bubuk tumrap turune Yehuda.