2 Padha ora mikirmanawa Ingsun ngengeti sakehing pialane.Saiki uga wus padha kinepung ing pokale,kabeh iku ana ing ngarsaningSun.
3 Pialane iku ndadekake senenging ratune,lan pakartine kang goroh ndadekake bungahe para panggedhe.
4 Kabeh padha laku jina,kayadene pawon kang murub terus,nalika tukange roti leren nggedhekake geni,sarta nalika ngulet jladrene nganti mumpluk dening ragi.
5 Ing dina pahargyane ratu kita,padha gawe larane para panggedhe kalawan sumuking anggur;ratu iku sekuthon karo wong kang ambek memoyok.
6 Wong-wong iku batine kaya pawon murub,atine murub makantar-kantar;sawengi muput nepsune mendha,bareng esuk murub manehkaya geni kang nyalad-nyalad.
7 Wong-wong iku padha panas kabeh kaya pawon murub,lan mangsa para hakime nganti entek.Sakehe ratune wus padha tiwas,wong-wong iku ora ana siji-sijia kang sesambat marang Ingsun.
8 Efraim manunggal karo bangsa-bangsa,kadadeane Efraim kaya roti bunder kang ora diwalik.