8 Efraim manunggal karo bangsa-bangsa,kadadeane Efraim kaya roti bunder kang ora diwalik.
9 Kekuwatane wus dientekake dening wong liya,nanging awake dhewe ora ngreti;uwane iya wus akeh,nanging iya ora ngreti.
10 Gumunggunge Israel dadi paseksi tumrap awake dhewe,ewadene padha ora mratobat marang Pangeran Yehuwah,Gusti Allahe,lan ing sajroning sakehe kaanan kang mangkono iku mau iya ora banjur ngupaya Panjenengane.
11 Efraim wus kaya manuk dara kang bodho, tanpa pangreten,yaiku anggone njaluk tulung marang Mesir,lan anggone marani Asyur.
12 Samangsa mangkat mrana,Ingsun bakal masang jaringingSun ing dhuwure,bakal Suntarik mudhun kaya manuk ing awang-awang,bakal Sungebagi marga saka piala-pialane.
13 Bilai wong-wong iku,marga wus padha minggat ninggal Ingsun,padha nemahana karusakan,awit wus padha brontak marang Ingsun!Arep padha Sunpitulungi,nanging padha ngucap goroh marang Ingsun.
14 Pasambate marang Ingsun iku ora metu saka ing prentuling atine,nanging padha nangis ana ing paturone.Padha natoni awake supaya oleha gandum lan anggur,sarta padha mbalela marang Ingsun.