5 Sira bakal nglakoni apa ing dina gedhe,sarta ing dina riyayane Sang Yehuwah?
6 Sabab sanadyan padha oncat saka ing karusakan,bakal diklumpukake ana ing tanah Mesirlan Memfis bakal ngubur wong-wong mau;barang-barange kang arupa salaka kang akeh ajine bakal katutupan suket,lan tarube padha kathukulan lateng.
7 Wus tumeka ing dinaning paukuman,wus tumeka ing dinaning pamales,Israel bakal ngalami,“Nabi iku wong gemblung,wong kang kapenuhan ing roh, iku owah!”,marga saka gedhene kaluputaniralan marga saka bangete anggonira memungsuhan.
8 Efraim, umate Allahku, iku lagi ndingkik marang nabi,sarta ing saurute dalane dipasangi jaringe wong mikat manuk,dalasan ing padalemane Gusti Allahe ana memungsuhan.
9 Ala banget pokale wong-wong ikukaya kang kelakon ana ing Gibea.Pangeran bakal enget marang durakanelan dosane wong-wong iku bakal kaukum.
10 AnggoningSun biyen mrangguli Israelkayadene woh anggur ing pasamunan;anggoningSun mirsani para leluhurira,kaya pametune kawitan woh anjir.Nanging iku banjur padha marani Baal-Peorsarta ngabekti marang dewaning kanisthan,satemah padha dadi nistha padha karo barang kang didhemeni.
11 Kaluhurane Efraim mabur kaya manuk,ora ana kang nglairake,kang meteng lan kang ngandheg!