1 Bilai wong kang padha ngrancang-ngrancang duraka,lan kang ngrantam-rantam piala ana ing paturone;sarta bareng esuk ditindakake,marga prakara iku ana ing pangwasane;
2 kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut,lan omah-omah, iya banjur disrobot bae,kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahewong satanah-pusakane.
3 Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene:Lah Ingsun ngrancang bakal nekakake bilai marang jinis iki,lan sira padha ora bakal bisa nguwalake gulunira saka iku,sira padha ora bisa lumaku kalawan angkuh maneh,marga wektu iku wektu kang nyilakani.
4 Ing dina iku wong-wong bakal nglairake unen-unenlan kidung pangadhuh ing ngatase sira,sarta bakal ngucap:“Kita wus dilebur babar pisan!Pandumane warisan bangsaku iku wus kaukur nganggo tali,lan ora ana wong kang mbalekake,pategalan-pategalan kita diedum-edumake marang wong kang padha nawan kita.”
5 Mulane bakal ora ana wongkang nguncalake tali kalawan undhian kanggo sira ana ing pasamuwane Sang Yehuwah.
6 “Aja medhar wangsit,” mangkono celathune,“wong ora nglairake wangsit kang kaya mangkono iku!Kita ora bakal oleh panajad.”