Mikha 5 JAV

Rawuhe Sang Mesih sarta luware Israel

5:1-14

1 Anadene sira, he, Betlehem ing Efrata,sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarane turune Yehuda,saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun,wong kang bakal ngereh Israel;kang wus ana wiwit ing jaman purwa,wiwit ing jaman kuna.

2 Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektunewanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar,nuli kekarening para sadulurebakal padha bali nunggal karo wong Israel.

3 Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah,iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe;wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem,marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi;

4 sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu.Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita,sarta ngambah ing tanah kita,nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan,malah pemimpin wolu kang asipat manungsa.

5 Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang,lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan,sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyursamangsa dheweke lumebu ing tanah kitasarta ngambah ing tlatah kita.

6 Anadene kekarene Yakub bakaldumunung ing antarane bangsa akeh,kaya ebun saka Sang Yehuwah,kaya tetesing udan ing thethukulan,kang ora njagakake marang wong,lan ora ngarep-arep marang anaking manungsa.

7 Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh,kaya singa ana ing antarane sato alas,kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus;menyanga ngendi bae parane,mbanting lan nubruk,lan ora ana kang bisa nguwalake.

8 Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu,sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes.

9 Pangandikane Sang Yehuwah:Ing dina iku bakal kelakon,Ingsun bakal mbengkas jaranira saka ing tengahira,lan bakal ngrusak kretanira.

10 Ingsun bakal nyirnakake kutha-kuthane nagaranira,sarta betengira bakal padha Sungempuri.

11 Ingsun bakal nyirnakake pirantinira sihir,lan juru tenung bakal ora ana maneh ing tengahira.

12 Mangkono maneh reca-recanira,apadene tugu-tugu branalanirabakal Sungempur saka ing tengahira,temah sira bakal ora sujud manehmarang gegaweaning tanganira.

13 Dalah saka-sakanira brahala bakal Sunbedholi saka ing tengahira,lan brahalanira bakal Sunsirnakake.

14 Wasana para bangsakang ora ngestokake dhawuhingSun,bakal Sunwales kalawan bebendu lan bramatya.

Bab

1 2 3 4 5 6 7