1 Adhuh cilaka aku iki!Awit kaananku kaya samangsa ngundhuh woh-wohan ing mangsa ketiga,utawa kaya samangsa ngasag woh anggur,ora oleh woh anggur kang kena dipangan,utawa woh anjir kang daksenengi.
2 Wong mursid wus sirna saka ing nagara,lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur,kabeh padha ngincer getih,siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret.
3 Tangane padha agahan nindakake piala,panggedhe memundhutlan hakim ngarah besel;para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane,lan angger-angger padha dienggak-enggokake.
4 Panunggalane kang becik dhewe ing antarane iku kaya grumbul eri,kang jujur dhewe ing antarane kaya pager eri,dinane pangincermu, dina tibaning paukumanmu wus cedhak,saiki bakal wiwit ana pagiris ing antarane wong-wong iku.
5 Aja ngandel marang mitra,aja pasrah marang kanca,jaganen lawanging cangkemmutumrap wong wadon kang leyeh-leyeh ing pangkonmu.
6 Dene anak lanang ngremehake bapakne,anak wadon nglawan biyunge,mantu wadon nglawan maratuwane wadon,kang dadi mungsuh iku wong-wong kang tunggal saomah.
7 Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah,nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku,Allahku mesthi bakal nyembadani aku!
8 He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku!Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh,dadia linggih ana ing pepeteng pisan,Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.
9 Aku bakal nyangga bebendune Sang Yehuwah,awit aku wus gawe dosa marang Panjenengane,nganti Panjenengane ngrampungake prakaraku,sarta paring adil marang aku,aku bakal katuntun menyang pepadhang,satemah aku bakal ngrasakake kaadilane.
10 Mungsuhku bakal nyipati iku,satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang,kang duwe ujar marang aku:“Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?”Mripatku bakal nyawanganggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.
11 Bakal tumeka ing titi-mangsane balowartimu bakal kabangun maneh,ing dina iku wewengkonmu bakal kajembarake.
12 Ing dina iku wong bakal ngadhep marang kowe,wiwit wong kang saka Asyur nganti tekan kang saka ing Mesir,lan wiwit saka ing Mesir nganti tekan ing bengawan Efrat,saka sagara kang siji tekan sagara sijine,sarta wiwit ing gunung kang siji tekan ing gunung sijine.
13 Nanging bumi bakal dadi ludhes marga saka kang ngenggoni,iku wohe panggawene.
14 Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka,inggih menda kagungan Paduka piyambak,ingkang sami kepencil manggen ing wana,ing satengahing kebon wowohan,mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead,kados nalika ing jaman rumiyin.
15 Kados nalika Paduka miyos saking Mesir,kawula mugi sami kaparingana sumerep bab kaelokan-kaelokan!
16 Para bangsa bakal padha nyawang,lan banjur rumangsa isin,marga saka sakehe kakuwatane,cangkeme cikben ditutupi tanganlan kupinge cikben dadi budheg.
17 Kareben padha ndilat lebu kaya ula,kaya kewan kang gumremet ing bumi;kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris,sarta padha sowan marang ing ngarsane PangeranYehuwah Allah kita, kalawan gumeter,kalayan ajrih dhateng Paduka.
18 Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka,ingkang ngapunten dosa,saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak:ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun,nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?
19 Panjenengane bakal paring kawelasan maneh marang kita,lan nglebur kaluputan-kaluputan kita,sarta mbucal sakehing dosa kita,menyang ing telenging sagara.
20 Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub,saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abrahamkados ingkang sampun Paduka prasetyakakenklayan supaos dhateng para leluhur kawulawiwit ing jaman kina!