Nahum 1 JAV

Bebuka

1:1

1 Wangsit tumrap Niniwe. Kitab bab wahyune Nabi Nahum, wong Elkosy.

Bebendune Pangeran Yehuwah

1:2-8

2 Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales,Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad,Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune,sarta terus bae dukane marang para mengsahe.

3 Pangeran Yehuwah iku gedhe sabare lan pinunjul pangwaose,nanging ora pisan-pisan wong kang salah linuputake saka ing paukuman.Panjenengane tindak ana ing sajroning lesus lan prahara,sarta mendhung iku lebuning sampeyane.

4 Sagara didukani temah dadi asat,lan sakehe kali padha kadadekake garing,Basyan lan Karmel padha dadi nglayungtetuwuhan ing Libanon padha alum.

5 Gunung-gunung padha gumeter ana ing ngarsane,lan tengger-tengger padha leleh.Bumi dadi sepi mamring ana ing ngarsanedalah jagad lan kang padha ngenggoni kabeh.

6 Sapa kang kuwat nadhahi bebendune?Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune?Bramatyane kaesokake kaya geni,tuwin gunung parang nganti padha jugrug.

7 Pangeran Yehuwah iku asih-darma,dadi papan pangungsen ing dina karubedan;Panjenengane uninga marang para wong kang ngungsi marang Panjenengane

8 sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe.Nanging numpes nganti tapiswong kang padha nglawan Panjenengane,tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng.

Pangandikane Sang Yehuwah marang Yehuda lan marang Niniwe

1:9--2:2

9 Apa karepmu nglawan marang Sang Yehuwah iku?Panjenengane bakal nyirnakake babar pisan;para mungsuhe ora bakal bisa ngadeg maneh.

10 Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan,bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing.

11 Saka ing sira rak jumedhulwong kang ngrancang-ngrancang piala nglawan marang Sang Yehuwah,sarta kang aweh pitutur kadursilan, ta?

12 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Sanadyan wong-wong iku wutuh lan akeh banget cacahe,ewasamono bakal padha sirna kababatan lan mati.Sanadyan Ingsun wus ngesorake sira,nanging sira ora bakal Sunesorake maneh.

13 Saiki Ingsun bakal mutung pasangane kang ngebot-eboti sira,lan Ingsun bakal medhoti blenggu-blenggu kang mbanda sira.”

14 Tumrap kowe, Pangeran Yehuwah ngandika mangkene:“Ora ana turun kang bakal nganggo jenengira maneh;sakehe recanira ukiran lan cor-coranbakal padha Sunsirnakake saka ing papane allahira.Ingsun bakal nyawisake kuburanira, awit sira iku asor.”

Bab

1 2 3