Nahum 2 JAV

1 Lah ana juru pangrusak kang nekani kowe,nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan,lambungira sabukana kang kenceng,nglumpukna sakehe kekuwatan!

2 Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub,kaya kaluhurane Rama Israel,amarga wus karusak dening juru pangrusakepange wus padha kasempalan.

Mungsuh ngrusak Niniwe

3 Tamenge para pahlawane warnane abang,para prajurite padha manganggo abang jingga,kretane abyor mengangah kaya geni suluhing dina anggone karakit;sarta jaran-jaran padha katon goreh.

4 Kretane mbalap ana ing dalan,ana ing papan tenggar susul-sumusul,katone kaya obor,playune kaya kilat.

5 Wadya-bala kang pinunjul diangkatake,nanging padha tiba kejengklok nalika lagi maju,padha mlayoni baluwartining kutha kalawan kesusu,dene piranti kanggo njebol wus kaedegake.

6 Gapura-gapuraning kali-kali wus padha kabukak,sarta kedhatone banjur geger.

7 Sang Prameswari digawa metu lan dilukari,lan para abdine wadon padha nggluruhkaya pambekuring manuk dara,klawan tebah-tebah dhadha.

8 Niniwe dhewe iku prasasat kaya blumbangkang banyune mili metu.Ana wong kang nguwuh-uwuh:“Mandhega, mandhega!”nanging ora ana kang noleh.

9 Padha ngrayaha salaka, ngrayaha mas,awit tanpa wilangan simpenane raja-brana,prabot-prabot kang endah kehe ora karuwan.

10 Wus ludhes, pandhes, nandhes!Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik,lambunge gumeter kabeh,raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.

11 Ana ing ngendi ta pandhelikane singalan guwane singa-singa nom,panggonane singa klinteran,papaning anak singa, kang ora kaganggu-gawe dening wong?

12 Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake,lan nekak memangsan kanggo sing wadon,sarta ngebaki guwane kalawan panganlan pandhelikane kalawan dedekepane.

13 Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah:“Lah! Ingsun bakal nglawan marang sira,nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus,lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek;sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi,swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.”

Bab

1 2 3