3 padha mangan daginge bangsaku,padha ngeleti kulite saka ing badane,padha ngremuk balung-balungelan nengkel-nengkel kaya daging ing kuwali,lan kaya iris-irisan daging ing jero kenceng.
4 Nuli bakal padha sambat-sambat dhewe marang Pangeran Yehuwah,nanging ora bakal disembadani.Panjenengane malah nutupi wadanane ing ngatase wong-wong mau ing wektu iku,marga ala panggawe-panggawene.
5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap para nabikang nasarake bangsaku,kang padha ngundhangake tentrem-rahayu,samangsa oleh kang kena dipangan,dene marang wong kang ora menehi apa-apa ing cangkeme,banjur ngumumake perang.
6 Mulane rina bakal dadi wengi tanpa wahyu tumrap sira,lan dadi peteng tanpa tenungan.Para nabi mau bakal padha kasurupan srengenge,sarta raina bakal dadi peteng surem tumrap wong-wong iku.
7 Para wong sidik bakal padha kawirangan,lan para juru tenung bakal padha kisinan,kabeh bakal padha nutupi raine,marga Gusti Allah ora paring wangsulan.
8 Nanging aku iki kebak ing bab kekuwatan,Rohe Pangeran Yehuwah,sarta kaadilan lan kasantosan,kanggo ngelingake marang Yakub bab panerakelan marang Isarel bab dosane.
9 He, para panggedhene bani Yakublan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna!He, sira kang padha ewa marang kaadilansarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,