1 Ing dina-dina kang wekasan bakal kelakon,gununge padalemane Pangeran Yehuwahbakal ngadeg jejeg ngungkuli gunung-gunung,sarta munggut dhuwur ngungkuli tengger-tengger,para bangsa bakal padha gumrudug mrone,
2 lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap:“Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah,marang padalemane Gusti Allahe Yakub,supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine,sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge,marga saka Sion bakal ana pituduh,lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”
3 Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa,sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe,nganti tekan panggonan kang adoh;pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen,lan tumbake kagawe arit;bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane,lan wus ora ana wong kang padha ajar perang.
4 Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe,lan ana ing sangisoring wite anjir dhewelan ora ana wong kang gawe kagete,marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono.