Mikha 4:3-9 JAV

3 Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa,sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe,nganti tekan panggonan kang adoh;pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen,lan tumbake kagawe arit;bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane,lan wus ora ana wong kang padha ajar perang.

4 Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe,lan ana ing sangisoring wite anjir dhewelan ora ana wong kang gawe kagete,marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono.

5 Sanadyan sakehe bangsa iku siji-sijine padha lumakuklawan nganggep allahe dhewe-dhewe,nanging kita bakal lumebu klawan nganggepasmane Pangeran Yehuwah Allah kita,nganti salawas-lawase lan ing sateruse.

6 Pangandikane Sang Yehuwah: Ing dina ikuIngsun bakal nglumpukake wong kang padha pincanglan nglumpukake kang pating blesarapadene kang wus Sundhawahi bilai.

7 Kang pincang bakal Sundadekake lajering turunlan kang katundhung dadi bangsa kang santosa,apadene Pangeran Yehuwah bakal jumeneng dadi ratune ana ing gunung Sion,wiwit samengko nganti ing salawas-lawase.

8 Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus,he, tenggere putri ing Sion,sira bakal katekananlan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik,yaiku keprabone putri ing Yerusalem.

9 Lah saiki, yagene ta sira padha sesambat kalawan sora?Apa ora ana ratu ing tengahira?Utawa penasehatira apa wis padha tumpes,dene sira nganti ngrasakake lara kaya wong wadon kang lagi nglarani?