1 Padha ngrungokna kang dadi pangandikane Pangeran Yehuwah:Ngadega, lapura nganti gunung-gunung padha krungu,lan tengger-tengger kareben krungu swaranira!
2 He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah,lan padha ngrungokna, he, dhasar-dhasaring bumi!Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate,sarta prakawisan karo Israel.
3 “He, umatingSun, apa kang wus Suntandukake marang sira?AnggoningSun damel keselira srana apa?Mara ngunjukana wangsulan marang Ingsun!
4 Awitdene sira rak wus Sunentasake saka ing tanah Mesir,Sunluwari saka ing pangawulansarta Ingsun rak wus ngutus Musa lan Harun,sarta Miryam minangka pangarepira?