2 He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah,lan padha ngrungokna, he, dhasar-dhasaring bumi!Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate,sarta prakawisan karo Israel.
3 “He, umatingSun, apa kang wus Suntandukake marang sira?AnggoningSun damel keselira srana apa?Mara ngunjukana wangsulan marang Ingsun!
4 Awitdene sira rak wus Sunentasake saka ing tanah Mesir,Sunluwari saka ing pangawulansarta Ingsun rak wus ngutus Musa lan Harun,sarta Miryam minangka pangarepira?
5 He umatingSun, padha elinga apa kang karancangdening Balak, ratu ing Moab,lan kapriye kang dadi wangsulaneBileam bin Beor,tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal,supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil.”
6 “Kalawan sesaosan apa anggonku lunga sowan ing ngarsane Pangeran Yehuwah,lan anggonku sujud marang Gusti Allah kang Mahaluhur?Anggonku sowan ing ngarsane apa kalawan nyaosi kurban obaran,kalawan pedhet kang umur setaun?
7 Apa wedhus gembel lanang ewonlan kalen lenga leksan ndadekake keparenge sang Yehuwah?Apa anakku pembarep daksaosake marga saka panerakku,sarta wohing wetenganku marga saka dosaku dhewe?”
8 He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik,lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe:kajaba mung tumindak adil,lan tresna marang laku setya,apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”