2 Wong mursid wus sirna saka ing nagara,lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur,kabeh padha ngincer getih,siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret.
3 Tangane padha agahan nindakake piala,panggedhe memundhutlan hakim ngarah besel;para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane,lan angger-angger padha dienggak-enggokake.
4 Panunggalane kang becik dhewe ing antarane iku kaya grumbul eri,kang jujur dhewe ing antarane kaya pager eri,dinane pangincermu, dina tibaning paukumanmu wus cedhak,saiki bakal wiwit ana pagiris ing antarane wong-wong iku.
5 Aja ngandel marang mitra,aja pasrah marang kanca,jaganen lawanging cangkemmutumrap wong wadon kang leyeh-leyeh ing pangkonmu.
6 Dene anak lanang ngremehake bapakne,anak wadon nglawan biyunge,mantu wadon nglawan maratuwane wadon,kang dadi mungsuh iku wong-wong kang tunggal saomah.
7 Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah,nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku,Allahku mesthi bakal nyembadani aku!
8 He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku!Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh,dadia linggih ana ing pepeteng pisan,Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.