4 Iku kabeh marga saka akehe pasundelan kang katindakake dening wong wadon tuna-susila,kang endah warnane lan ahli sihir,kang ngloropake bangsa-bangsa srana anggone laku jina,lan golongan-golongan srana sihire.
5 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi:“Lah Ingsun bakal nglawan marang sira,pojoking jaritira bakal Sunlingkabake nganti tekan ing rainira,sarta bakal mitontonake wewadinira marang bangsa-bangsa,lan kawiranganira marang karajan-karajan.
6 Ingsun bakal ngebyuki sesuker marang sira,sira bakal Sunanggep remehlan Sundadekake tontonan.
7 Nuli sakehe wong kang ndeleng sira,bakal lumayu ninggal sira, kalawan ngucap:“Niniwe wus rusak!Sapa kang mesakake marang dheweke?Saka ngendi anggonku oleh juru-panglipur kanggo dheweke?”
8 Apa sira kinacek karo Tebe, kuthaning Dewa Amon,kang ana ing sacedhake bengawan Nilkang kinubengan ing banyu,kang baluwartine sagara,lan betenge banyu?
9 Etiopia iku dadi sumbering kakuwatane,uga Mesir, kalawan tanpa wates;Put sarta para wong Libia padha dadi pambantune.
10 Nanging iku dhewe uga kapeksa kaparakake menyang ing pambuwangan,kapeksa padha lumebu ing tawanan.Bayi-bayine padha dikeplekakeana ing pojoking sakehe lelurung,para wong kang kajen keringan padha kaundhi,lan para panggedhene padha kablenggu kabeh nganggo rante.