Zakharia 1:4-10 JAV

4 Sira aja padha kaya para leluhurira, kang wus padha dipituturi dening para nabi ing maune mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha ngundurana lakunira kang ala lan pokalira kang duraka! Nanging padha ora gelem ngrungokake sarta padha ora mreduli marang Ingsun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --

5 Para leluhurira iku padha ana ing ngendi? Lan para nabi iku apa padha urip ing salawase?

6 Nanging sakehe pangandika lan putusaningSun kang wus Sundhawuhake marang abdiningSun para nabi, iku rak wus tumeka ing para leluhurira? Wong-wong iku nuli padha mratobat sarta duwe pangucap mangkene: Kaya kang wus dadi karsane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi anggone nanduki marang aku, miturut laku lan pokalku, iya kaya mangkono Panjenengane anggone nanduki marang kita!”

7 Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, pinuju sasi kang kaping sawelas, iya sasi Syebat, tanggal kaping patlikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene:

8 “Dhek mau bengi aku tampa wahyu: aku ndeleng ana priya nitih jaran abang, jumeneng ana ing antarane wit jambu keling kang ana ing jurang; lan ing burine ana jaran-jaran kang ulese abang, abang nom lan putih.

9 Aku banjur matur: Dhuh bendara, punapa tegesipun sadaya punika? Malaekat kang mangandikani aku tumuli paring wangsulan mangkene: Aku bakal nuduhake apa tegese kabeh iku mau.

10 Priya kang ngadeg ana ing antarane wit jambu keling iku banjur wiwit guneman, celathune: Iki kabeh wong kang padha kautus dening Pangeran Yehuwah ndlajahi bumi.