Zakharia 4 JAV

Wahyu kang kaping lima: Padamaran mas rinengga ing wit jaitun loro

4:1-14

1 Kacarita malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, banjur nggigah aku patrape kaya nggigah wong lagi turu.

2 Pangandikane marang aku: “Kowe ndeleng apa?” Atur wangsulanku: “Kula ningali padamaran mas bleg, wadhahipun lisah wonten ing perangan nginggil; padamaran punika wonten damaripun pitu, kaliyan malih ing nginggilipun damar satunggal-tunggalipun wonten torongipun pitu;

3 punapa malih padamaran punika kaukiran wit jaitun kalih, satunggal wonten ing tengenipun wadhah lisah, satunggalipun wonten ing kiwanipun.”

4 Aku tumuli matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku mangkene: “Dhuh bendara, punika tegesipun kadospundi?”

5 Malaekat kang ngandikan karo aku iku nuli ndangu: “Kowe apa ora ngreti tegese kabeh iku?” Aturku: “Boten mangretos, bendara!”

6 Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --

7 He, gunung kang gedhe, sira iku sapa? Ana ing ngarepe Zerubabel sira bakal dadi tanah rata, dene Zerubabel iku bakal ngangkat watu kang pinunjul dene wong padha surak-surak: Apik! Apik banget watu iku!”

8 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

9 “Tangane Zerubabel wus nalesi padaleman iki, iya tangane iku uga kang bakal ngrampungake, temah kowe bakal sumurup, yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe.

10 Sabab sapa kang ngremehake marang dina kelakoning prakara-prakara kang sapele, iku bakal padha bungah-bungah ndeleng watu pilihan kang ana ing tangane Zerubabel.Dene kang pitu iki tingale sang Yehuwah, kang ndlajahi salumahe bumi.”

11 Aku banjur matur pitakon mangkene: “Menggah wit jaitun kalih ingkang wonten ing tengen sarta ing kiwanipun padamaran punika, punapa tegesipun?”

12 Aku tumuli matur maneh: “Menggah pangipun wit jaitun kalih sandhing torong emas kalih ingkang ngilekaken jer-jeran emas saking nginggilipun, punika punapa tegesipun?”

13 Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe apa ora sumurup tegese iku?” Atur wangsulanku: “Boten sumerep, bendara!”

14 Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi!”

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14