1 Aku banjur tumenga nuli weruh ana gulungan kitab nglayang.
2 Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe weruh apa?” Aturku: “Kula ningali wonten kitab gulungan nglayang, panjangipun kalih dasa asta sarta wiyaripun sadasa asta.”
3 Tumuli aku dipangandikani maneh, mangkene: “Iku sumpah wewelak kang nempuh ing sawratane nagara kabeh; sabab miturut surasane sumpah wewelak iku, saben maling ana ing kene isih luput ing paukuman, mangkono uga saben wong kang nglairake sumpah palsu iya isih luput ing paukuman.
4 Ingsun kang nglampahake wewelak iku, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”
5 Malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, sarta dhawuh marang aku: “Kowe namatna lan nitenana apa kang jumedhul ing kono?”
6 Aku nuli matur pitakon: “Punapa punika?” Pangandikane malaekat: “Kang katon iku takeran efa!” Nuli ngandika maneh: “Iku pialane wong-wong mau ana ing saindenging nagara!”
7 Lah, tutupe timah takeran iku wus kaangkat, lan ing jerone ana wonge wadon kang lungguh.
8 Pangandikane malaekat mau: “Iku kadursilan!” Wong wadon iku banjur dijorogake maneh ana ing takeran efa, sarta bandhule timah kabanting ing cangkeme efa.
9 Aku tumuli tumenga lan weruh, ana wong wadon loro kang suwiwine kasentor ing angin; suwiwine mau kayu suwiwine manuk cangak. Efane banjur diangkat mumbul dening wong loro iku ana ing antarane bumi karo langit.
10 Aku tumuli nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Efa punika dipun bekta dhateng pundi?”
11 Paring wangsulane malaekat: “Menyang ing tanah Sinear, wong wadon iku arep digawekake omah ana ing kana; samangsa wus dadi, wong wadon mau banjur dipapanake ana ing omah kono.”