Zakharia 10:1-7 JAV

1 Padha nyuwuna udan marang Pangeran Yehuwah ing mangsa udan kang wekasan! Pangeran Yehuwah kang karya mendhung kang nggawa udan, lan udan deres bakal kaparingake marang wong-wong sarta tetuwuhan ing ara-ara marang saben wong.

2 Sabab apa kang diucapake dening terafim iku ala, lan para juru tenung iku wahyune goroh, dene impen-impen kang dikandhakake iku kothong, tuwin tanpa paedah panglipure. Mulane bangsa iku nglembara kaya pepanthan wedhus, lan nandhang sangsara marga ora ana pangone.

3 “BebenduningSun bakal mulad-mulad ing ngatase para pangon, sarta para kepalaning pepanthan wedhus berok bakal padha Sundhawahi piwales, awit Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi nggatosake marang pepanthan wedhus kagungane, yaiku turune Yehuda, padha kadadekake kaya titihaning kamulyane ana ing paperangan.

4 Saka ing turune Yehuda iku bakal muncul watu pojokan, saka turun iku bakal muncul pathoking tarub, saka turun iku bakal muncul gandhewa perang, lan iya saka turun iku bakal jumedhul bebarengan sakehing wong kang nyekel pangwasa.

5 Iku bakal padha kaya pahlawan, kang ngidak-idak mungsuh kaya blethok ing dalan, bakal padha maju perang, marga tinunggil dening Sang Yehuwah lan para prajurit jaranan bakal padha kagawe wirang.

6 Turune Yehuda bakal Sunsantosakake, lan turune Yusuf Sunluwari; bakal padha Sunulihake, marga padha Sunwelasi; kaanane kaya-kaya ora tau Sunsebratake, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahe, sarta bakal Sunsembadani sapanyuwune.

7 Efraim bakal kaya pahlawan, atine bakal bingar kaya kena dayaning anggur. Anak-anake padha nyipati iku, temah padha bungah-bungah, sarta atine giyak-giyak marga saka Pangeran Yehuwah.