10 Tekenku kang jeneng “Kadarman” dakjupuk, dakputung, kanggo mbatalake prajanjian kang dakanakake kalawan sakehe para bangsa.
11 Dadine ing dina iku prajanjian wus batal, temah wong kang padha dagang wedhus kang lagi migatekake aku iku padha mangreti, yen iku pangandikane Pangeran Yehuwah.
12 Aku banjur celathu marang wong-wong mau: “Manawa iku kokanggep becik, aku wenehana opahane, lan manawa ora, iya wis.” Tumuli aku ditimbangake dhuwit telung puluh sekel salaka minangka opahku.
13 Nanging Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Iku pasrahna marang tukang ngecor logam!” -- samono kehe anggone ngregani kanggo aku. Mulane dhuwit salaka telung puluh sekel iku mau tumuli dakjupuk, banjur dakpasrahake marang tukang ngecor logam ana ing padalemaning Yehuwah.
14 Sawuse mangkono tekenku sijine yaiku kang jenenge “Talenan”, dakputung kanggo medhot pasadulurane Yehuda lan Israel.
15 Sawuse mangkono pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Sira njupuka sapisan engkas pirantine pangon kang goblog!
16 Marga lah Ingsun bakal ngadegake pangon ana ing nagara kene, kang ora ngeman sabarang kang ilang, ora nggoleki kang ketriwal, ora nambani kang ketaton, ora ngopeni kang waras, malah kang lemu-lemu dipangan daginge, lan njabuti tracake.