4 Ing wektu iku sampeyane tumapak ana ing gunung Jaitun kang kaprenah iung sangarepe Yerusalem sisih wetan. Gunung Jaitun mau bakal binelah dadi loro, saka ing wetan mangulon, satemah banjur nganakake lebak kang jembar banget; sigarane gunung mau kang siji mingser mangalor, sijine mengidul.