1 Aku banjur tumenga nuli weruh ana gulungan kitab nglayang.
2 Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe weruh apa?” Aturku: “Kula ningali wonten kitab gulungan nglayang, panjangipun kalih dasa asta sarta wiyaripun sadasa asta.”
3 Tumuli aku dipangandikani maneh, mangkene: “Iku sumpah wewelak kang nempuh ing sawratane nagara kabeh; sabab miturut surasane sumpah wewelak iku, saben maling ana ing kene isih luput ing paukuman, mangkono uga saben wong kang nglairake sumpah palsu iya isih luput ing paukuman.
4 Ingsun kang nglampahake wewelak iku, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”
5 Malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, sarta dhawuh marang aku: “Kowe namatna lan nitenana apa kang jumedhul ing kono?”
6 Aku nuli matur pitakon: “Punapa punika?” Pangandikane malaekat: “Kang katon iku takeran efa!” Nuli ngandika maneh: “Iku pialane wong-wong mau ana ing saindenging nagara!”