4 Aku banjur nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, aturku: “Dhuh bendara, punika sadaya tegesipun kadospundi?”
5 Paring wangsulane malaekat: “Kabeh iku metu marang ing keblat papat, sawuse padha seba marang ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi.”
6 Kang rakitane jaran ireng iku menyang ing Tanah Lor; kang putih iku parane mangulon, dene kang plangka menyang Tanah Kidul;
7 sarta kang abang iku metu, bingung arep lunga sumedya ndlajahi salumahe bumi. Nuli padha kadhawuhan: “Mangkata, padha ndlajahana salumahe bumi!” Bumi banjur didlajahi.
8 Panjenengane tumuli nguwuh marang aku: “Sawangen, kang lakune menyang Tanah Lor iku arep nentremake RohingSun ana ing Tanah Lor kono.”
9 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
10 “Ing dina iki uga sira lungaa, menyang omahe Yosia bin Zefanya narikana pisungsunge Heldai, Tobia lan Yedaya, wong kang wus padha bali saka ing pambuwangan ing Babil.