5 “Sira mratelakna marang rakyat sakabehe lan marang para imam, mangkene: Nalika sira padha puwasa karo ngadhuh-adhuh ing sasi kalima lan kapitu salawase pitung puluh taun iki, apa enggonira puwasa iku kagem kaluhuraningSun?
6 Apamaneh manawa sira mangan utawa ngombe, rak iya mung mangan utawa ngombe kanggo awakira dhewe, ta?
7 Iki rak pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah lumantar para nabi kang dhisik, nalika Yerusalem dalah kutha-kutha ing saubenge isih dienggoni lan isih santosa, mangkono uga Tanah Negeb lan Dhaerah Pagunungan iya isih dienggoni.”
8 Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Zakharia, mangkene:
9 “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Anggonira nindakake pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijine.
10 Aja nindhes randha lan bocah lola, apadene wong ngamanca lan wong miskin, mangkono uga ing sajrone atinira aja ana kang ngrancang sumedya nandukake piala marang wong siji lan sijine.”
11 Nanging padha ora gelem nilingake, malah ngakokake pundhake sumedya nglawan lan mbudhegake kupinge supaya aja nganti krungu.