1 Wangsit pangandikane Gusti Allah. Ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap nagara Hadrakh kang kendele ana ing Damsyik. Marga Sang Yehuwah kang kagungan kutha-kutha ing Aram lan sakehe suku Israel,
2 uga Hamat, kang adu wates karo Damsyik mau, sarta Tirus lan Sidon, sanadyan iku padha wicaksana banget.
3 Tirus iku yasa tembok beteng, sarta numpuk salaka nganti kaya lebu, apadene mas nganti kaya blethok ing dalan.
4 Nanging lah Tirus bakal kadadekake mlarat dening Pangeran lan kakuwatane bakal kacegurake ing sagara, dene kutha iku dhewe bakal sirna kamangsa ing geni.
5 Askelon bakal nyipati temah wedi; uga Gaza, banjur luwih banget getere; Ekron iya samono uga, marga pangarep-arepe ora katutugan. Ratune bakal kasirnakake saka ing Gaza, lan Askelon bakal dadi suwung.
6 Asdod bakal kaenggonan ing turun campuran, sarta kang diagungake wong Filisti bakal Sunsirnakake.
7 Getih-getih kang ana ing cangkeme bakal Sunbuwang, lan kanisthan saka ing sela-selaning untune, lan kekarene bakal dadi kagungane Gusti Allah kita, sarta bakal dianggep kayadene sawijining trah ing Yehuda; lan wong Ekron dadi pepadhane wong Yebus.