1 Saka Paulus, kang awit saka karsaning Allah dadi rasule Sang Kristus Yesus, lan saka Timoteus sadulur kita, marang pasamuwaning Allah ing Korinta karo sakabehing won suci ing sawrtanin tanah Akahya.
2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.
3 Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur,
4 kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marangaku dhewe.
5 Sabab kaya anggonku padha nampani panduman ing sangsarane Sang Kristus kalawan luber, samono uga marga saka Sang Kristus aku padha kaparingan panglipur nganti luber.
6 Yen aku padha nemu kasusaha, iku dadi panglipur lan karahyonmu; dene yen aku padha kalipur, iku iya dadi panglipurmu, satemah kowe padha oleh kakuwatan kang njalari kowe padha sabar ing sajroning kasangsaran kang padha kaya kang daksandhang.
7 Lan pangarep-arepku tumrap kowe iku tetep, awit aku padha sumurup, manawa padha kaya anggonmu melu kapanduman kasangsaranku kabeh, kowe iya padha melu kapanduman in panglipur.
8 Sabab karepku para sadulur, supaya kowe padha sumurupa mungguhing sangsara kang dakalami ana ing tanah Asia-Cilik; aku padha nandhang sangsara kang samono gedhene lan abote, ngantiaku padha ora duwe pangarep-arep yen bisa urip.
9 Malah aku kabeh rmangsa kaya wus kapatrapan paukuman pati. Nanging bab iku anggone kalakon supaya aku aja padha nganti ngandelake marang awakku dhewe, nanging ngemungna marang Gusti Allah kang nangekake para wong mati.
10 Panjenengane wus nguwalake lan bakal nguwalake aku kabeh saka ing pati kang nggegirisi banget iku: iya marang Panjenengane iku anggonku nggantungake pangarep-arep, yen Panjenengane bakal ngluwari aku kabeh maneh,
11 marga kowe uga mbiyantu aku kabeh kanthi pandonga, supaya akeh wong kang padha saos sokur mungguhing sih-rahmat kang kaparingake marang aku kabeh, marga saka akehe pandongane tumrap aku.
12 Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.
13 Sabab kang padha daktulis iki mung apa kang bisa kokwaca sarta kokmangreteni. Lan pangarep-arepku muga-muga kowe padha bisa mangreti nganti sapantoge,
14 kayadene anggonmu wis padha mangreti sawatara saka aku, yaiku yen kowe bakal ngegung-egungake aku, kayadene anggonku iya bakal padha ngegung-egungake kowe besuk, in dinane Gusti Yesus.
15 Lelandhesan keyakinan iki, aku maune wus tau ngrancang nekani kowe, supaya kowe oleha sih-rahmat kang kaping pindhone.
16 Banjur arep nerusake lakuku menyang ing tanah Makedhonia, saka ing tanah Makhedonia bali maneh menyang nggonmu, lan kalawan pitulunganmu aku bisa neruake lakuku menyang ing tanah Yudea.
17 Dadi, apa anggonku ngrancang mangkono iku tanpa pikiran? Utawa apa mung manut pepenginanku dhewe, temahan aku banjur duwe ujar “iya, iya” lan “ora, ora”?
18 Demi Gusti Allah kang setya tuhu, janjiku marang kowe ora “iya” lan “ora”.
19 Awit Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah, kang wus dakwartakake ana ing antaramu, iya aku lan Silwanus sarta Timoteus, dudu “iya” lan “ora”, nanging kosokbaline ana ing Panjenengane iku kang ana mung “iya”.
20 Sabab Sang Kristus iku “iya” tumraping sakehe prasetyane Gusti Allah. Iya iku sababe anggon kita marga saka Panjenengane, banjur ngucap “Amin” minangka kamulyaning Allah.
21 Sabab Panjenengane kang wus nyantosakake aku kabeh bebarengan karo kowe ana ing patunggilane Sang Kristus, yaiku Gusti Allah kang wus njebadi,
22 lan wus maringi tandha cap marang kita yen kita iku dadi kagungane lan kang maringi Sang Roh Suci ana ing ati minangka panjer.
23 Nanging aku nyebut marang Gusti Allah minangka seksiku -- Panjenengane iku nguningani aku -- manawa anggonku ora sida teka ing Korinta iku sabab aku ngeman kowe.
24 Ora marga saka anggonku kapengin mrentah, apa kang kudu kokpracaya, awit pracayamu santosa. Nanging aku padha kapengin melu mbiyantu nenangi ing kabungahanmu.