1 Ing sajroning atiku aku wus netepake, manawa kita ora bakal nekani kowe maneh kalawan susah.
2 Awit, manawa aku kang gawe sedhihmu, sapa maneh kang bisa gawe bungahku kajaba kang padha sedhih marga saka aku.
3 Lan yaiku karepe layangku iki, yaiku supaya manawa aku teka, aja nganti aku sedhih marga saka wong-wong, kang kudune padha gawe bungahku. Sabab aku yakin ing bab kowe kabeh, manawa kabungahanku iku iya kabungahanmu uga.
4 Sabab anggonku nulis marang kowe iku ana ing satengahing kasusahan lan sumpeking ati kang banget lan kanthi ngruntuhake luh akeh, ora supaya kowe dadi sedhih, nanging supaya kowe padha sumurup sapira gedhene katresnanku marang kowe kabeh.
5 Dene manawa ana wong kang gawe sedhih, iku dudu atiku kang digawe sedhih, nanging kowe kabeh, utawa saora-orane -- supaya anggonku kandha ora dakbangetake -- wong sawatara ing antaramu.
6 Wong kang kaya mangkono iku wus cukup kaelikake dening wong akeh ing antaramu,
7 malah kosokbaline kowe padha ngapuraa lan nglipura wong iku, supaya aja nganti ngenes marga saka bangeting susahe.
8 Mulane pituturku marang kowe kabeh, supaya kowe padha nandukna katresnan marang wong mau.
9 Awit iya iku tujuane anggonku nulis layang marang kowe, yaiku kanggo ndadar kowe, apa kowe padha tetep mituhu ana ing samubarang kabeh.
10 Awit sapa kang kokapura kaluputane, iku iya dakapura. Sabab yen aku ngapura -- saupama ana kang kudu dakapura -- anggonku ngapura iku marga saka kowe ana ing ngarsane Sang Kristus,
11 supaya Iblis aja nganti oleh kauntungan kang tumuju marang kita, sabab kita sumurup apa kang dikarepake.
12 Nalikane aku tekan ing Troas prelu martakake Injile Sang Kristus, aku wus kawenganan lawang dening Gusti ana ing kana.
13 Nanging atiku ora rumangsa jenjem, sabab aku ora kepethuk karo sadulur Titus, mula aku banjur pamitan lan mangkat menyang ing tanah Makedhonia.
14 Nanging puji sokur konjuk ing Gusti Allah, kang ana ing patunggilane Sang Kristus tansah nuntun aku kabeh ana ing dalaning kaunggulane. Lan lumantar aku aruming kawruh tumrap Panjenengane sumebar ing saenggon-enggon.
15 Awit kagem Gusti Allah aku kabeh iki dadi gandaning arum Sang Kristus ana ing tengah-tengahing wong kang padha nemu karahayon lan ana ing antarane wong kang padha nemu karusakan.
16 Tumrap kang nemu karusakan, aku kabeh iki gandaning pati kang tumeka ing pati, lan tumrap kang nemu karahayon gandaning urip kang nguripake. Nanging sapa ta kang kaconggah nglakoni ayahan kang kaya mangkono iku?
17 Awit aku kabeh ora padha karo wong liya kang akeh-akeh, kang padha mburu kabegjan saka pangandikaning Allah. Kosokbaline ana ing Sang Kristus aku padha ngucap ing samesthine kanthi kekarepan-kekarepan kang murni awit saka dhawuhing Allah lan ana ing ngarsane.