1 Dene bab leladen marang para suci ora susah aku nulis maneh marang kowe.
2 Sabab aku wus sumurup mungguh legawaning atimu, mulane kowe padha dakalembana ana ing ngarepe wong Makedhonia. Tembungku: “Akhaya wus cecawis wiwit taun kang kapungkur.” Lan kasregepanmu wus dadi pangatag-atag tumrap wong akeh.
3 Nanging anggonku kongkonan sadulur-sadulur iku supaya pangalembanaku marang kowe aja nganti tinemu tanpa guna, nanging supaya tetelaa anggonmu nyata-nyata cecawis kaya kang wus dakkandhakake,
4 supaya, manawa wong-wong Makedhonia teka bareng karo aku, aja nganti nyumurupi anggonmu durung cecawis, satemah aku kabeh -- supaya ora ngarani kowe kabeh -- rumangsa padha kawirangan ing bab kayakinanku iku.
5 Mulane dakpikir prelu, yen sadulur-sadulur iku dakpurih mangkat dhisik, supaya bisa ngurus dhisik paweweh kang wus dadi kasaguhanmu biyen, temahan mengko wus cumawis minangka tandha-buktine kamurahaning atimu lan dudu paweweh peksan.
6 Iki gatekna: Wong kang nyebar sathithik, bakal ngeneni sathithik, lan wongkang nyebar akeh, bakal ngeneni akeh.
7 Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.
8 Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.
9 kaya kang katulisan:“Panjenengane ngedum-edum,Panjenengane maringi marang wong miskin,kaadilane tetep ing salawas-lawase.”
10 Panjenengane kang nyawisake winih kanggo kang nyebar, lan roti kanggo pangan, iku uga bakal nyawisi winih marang kowe lan ditikelake sarta nuwuhake pametuning kabeneranmu;
11 kowe bakal disugihake ing sarupaning kamurahaning ati kang nuwuhake pangucap sokur konjuk marang Gusti Allah marga saka aku.
12 Awit ayahan katresnan kang isi pitulungan iki ora mung nyukupi kabutuhane para suci bae, nanging uga ngluberake pamuji sokur marang Gusti Allah.
13 Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhurake Gusti Allah awit saka sumuyuding panganggepmu marang Injile Sang Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab anggonmu ngedum samubarang karo wong-wong iku lan karo wong kabeh.
14 Sarta maneh kowe iya padha didongakake lan dikangeni marga saka sih-rahmate Gusti Allah kang lumuber marang kowe.
15 Puji sokur konjuk marang Gusti Allah marga saka sih peparinge kang ora kena winirasa iku!