12 Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.
13 Sabab kang padha daktulis iki mung apa kang bisa kokwaca sarta kokmangreteni. Lan pangarep-arepku muga-muga kowe padha bisa mangreti nganti sapantoge,
14 kayadene anggonmu wis padha mangreti sawatara saka aku, yaiku yen kowe bakal ngegung-egungake aku, kayadene anggonku iya bakal padha ngegung-egungake kowe besuk, in dinane Gusti Yesus.
15 Lelandhesan keyakinan iki, aku maune wus tau ngrancang nekani kowe, supaya kowe oleha sih-rahmat kang kaping pindhone.
16 Banjur arep nerusake lakuku menyang ing tanah Makedhonia, saka ing tanah Makhedonia bali maneh menyang nggonmu, lan kalawan pitulunganmu aku bisa neruake lakuku menyang ing tanah Yudea.
17 Dadi, apa anggonku ngrancang mangkono iku tanpa pikiran? Utawa apa mung manut pepenginanku dhewe, temahan aku banjur duwe ujar “iya, iya” lan “ora, ora”?
18 Demi Gusti Allah kang setya tuhu, janjiku marang kowe ora “iya” lan “ora”.