1 Aku Paulus, wong kang ora wani apa-apa yen adu-arep karo kowe, nanging wani marang kowe yen adoh, aku ngelingake kowe demi Sang Kristus kang alus panggalihe lan rumaket.
2 Panjalukku marang kowe: kowe aja meksa aku ngatonake kuwanenku ana ing ngarepmu kayadene niyatku arep tumindak keras marang wong-wong saweneh kang ngira manawa uripku iku padha nurut kadagingan.
3 Aku kabeh iki pancen isih urip ana ing donya, nanging aku ora padha perang cara kadonyan,
4 awit gegamaning perangku iku dudu gegaman kadonyan, nanging gegaman kang kadunungan panguwaosing Allah, kang bisa njugrugake baluwarti.
5 Aku padha nyirnakake othak-athiking budi lan saben tanggul kang diedegake dening kumalungkunging manungsa kanggo ngalang-alangi pangawruh marang Allah, sarta padha mbandhangi sarupaning pangangen-angen, daktelukake marang Sang Kristus,
6 apamaneh aku padha rumanti bakal ngukum sakehing duraka, manawa pamanutmu wus dadi sampurna.
7 Sawangen kang temenan apa kang katon! Yen ana wong kang yakin temenan, manawa dadi kagungane Sang Kristus, iku supaya mikir ing sajroning atine, yen aku uga padha dadi kagungane Sang Kristus kaya dheweke.