1 Aku kudu gumunggung, sanadyan iku pancen ora ana paedahe, ewasamono aku arep martakake bab tetingalan lan wahyu-wahyu kang daktampa saka Gusti Allah.
2 Aku weruh sawijining wong Kristen; patbelas taun kapungkur -- embuh ing sajroning badan, aku ora mangreti, embuh ing sajabaning badan, aku ora ngreti, Gusti Allah kang nguningani -- wong iku dumadakan diangkat menyang ing tataran kang katelu ing swarga.
3 Aku iya weruh wong iku, -- embuh ing sajroning badan embuh ing sajabaning badan, aku ora ngreti, Gusti Allah kang nguningani --
4 dumadakan diangkat menyang ing Pirdus lan dheweke krungu pangandika kang ora kena dikandhakake, kang ora kena kaucapake dening manungsa.
5 Iya wong iku kang dakegung-egungake, nanging awakku dhewe ora bakal dakegung-egungake, kajaba mung bab kaapesanku.