11 Aku wus dadi tanpa budi temenan, nanging kowe kang padha meksa marang aku. Benere aku kokalembana. Awit sanadyan aku ora ana tegese babar pisan, nanging ing samubarang kabeh aku ora kalah karo para rasul kang pinunjul iku.
12 Titikane yen aku dadi rasul iku wus kacihna ana ing antaramu kalawan sakehing sabar-mantep, kalawan pratandha-pratandha, mukjijat-mukjijat lan kasekten-kasekten.
13 Sabab kakuranganmu apa yen katandhing karo pasamuwan-pasamuwan liyane kajaba mung saprakara, yaiku manawa aku dhewe ora nganti dadi gawemu? Anggonku ora adil iki apuranen!
14 Satemene iki wus kang kaping telune anggonku cecawis arep nemoni kowe, lan aku ora bakal dadi gawemu. Awit dudu barang darbekmu kang dakgoleki, nanging kowe dhewe. Marga dudu anak-anak kang padha wajib nglumpukake bandha kanggo wong tuwane, nanging wong tuwa kanggo anak-anake.
15 Awit saka iku aku kalawan bungah ngetohake barang darbekku, malah ngetohake awakku kanggo kowe kabeh. Dadi manawa aku banget tresnaku marang kowe, masa iya saya suda anggonku ditresnani?
16 Ya pancen mangkono, aku dhewe ora dadi gawemu, nanging kandhamu, sarehne aku iki julig, kowe dakpikat kalawan akal.
17 Dadi apa wus tau aku njupk kauntungan saka kowe lumantar sawijining wong saka ing antarane wong-wong kang dakkongkon nemoni kowe?