8 Mungguh bab iku aku wus kaping telu ngaturake panyuwun marang Gusti, supaya kongkonane Iblis iku sumingkira saka aku.
9 Nanging paring wangsulane Gusti marang aku: “Sih-rahmatingSun iku nyukupi marang sira, awit kuwasaningSun iku malah kasampurnakake ana ing sajroning kaapesan.” Awit saka iku aku luwih seneng ngegung-egungake kaapesanku, supaya panguwaose Sang Kristus dumunung ana ing aku.
10 Mulane aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karibedan, ing panguya-uya lan karupekan marga saka Sang Kristus. Awit yen aku apes, iku aku kuwat.
11 Aku wus dadi tanpa budi temenan, nanging kowe kang padha meksa marang aku. Benere aku kokalembana. Awit sanadyan aku ora ana tegese babar pisan, nanging ing samubarang kabeh aku ora kalah karo para rasul kang pinunjul iku.
12 Titikane yen aku dadi rasul iku wus kacihna ana ing antaramu kalawan sakehing sabar-mantep, kalawan pratandha-pratandha, mukjijat-mukjijat lan kasekten-kasekten.
13 Sabab kakuranganmu apa yen katandhing karo pasamuwan-pasamuwan liyane kajaba mung saprakara, yaiku manawa aku dhewe ora nganti dadi gawemu? Anggonku ora adil iki apuranen!
14 Satemene iki wus kang kaping telune anggonku cecawis arep nemoni kowe, lan aku ora bakal dadi gawemu. Awit dudu barang darbekmu kang dakgoleki, nanging kowe dhewe. Marga dudu anak-anak kang padha wajib nglumpukake bandha kanggo wong tuwane, nanging wong tuwa kanggo anak-anake.