1 Awit aku padha sumurup, manawa omah kita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti Allah wus nyawisake panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawe dening tanganing manungsa.
2 Salawe kita ana ing tarub iki, kita padha nggresah, marga kita kapengin banget ngenggoni yeyasan kang ana ing swarga,
3 kang ngungkuli papan panggonan kita kang saiki iki, ana ing kono kita ora bakal tinemu wuda.
4 Sabab salawase isih manggon ing tarub iki, kita nggresah lan kabotan, awit kita kapengin nganggo sadhangan kang anyar iku, ora nganggo cucul sandhangan kang lawas, supaya kang kena ing pati kauntala dening urip.