8 nanging atiku padha tatag, lan aku kabeh malah seneng ngalih saka ing badan iki lan manggon ing jero ndherek Gusti.
9 Marga saka iku aku padha ngudi, sajrone aku padha manggon ing badan iki, utawa ana ing sajabane, supaya aku padha ndadekna ing kaparenge.
10 Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.
11 Kang iku sarehne aku padha sumurup ing bab wedi marang Gusti, mulane aku ngudi ngyakinake wong-wong. Tumrap Gusti Allah sedyaku iku wus cetha, lan pangarep-arepku uga mangkonoa tumrap kowe kabeh.
12 Awit aku ora padha mbecikake awakku dhewe maneh marang kowe, nanging aku padha aweh margane kowe bisa ngegung-egungake aku kabeh, supaya kowe bisa ngadhepi para wong kang gumunggung mungguhing lair, ora mungguhing batin.
13 Sabab manawa aku ora bisa ngemudheni dhiri, iku marga saka anggonku nindakake ayahaning Allah, lan saupama bisa, iku marga saka kowe.
14 Sabab iya sih katresnane Sang Kristus kang mbereg marang aku kabeh, awit aku wus padha sumurup, manawa wong siji wus mati kanggo wong kabeh, dadine kabeh wus padha mati.