10 kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wongkang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.
11 Aku wus kandha kanthi blak-blakan marang kowe, atiku menga amba tumrap kowe, he wong Korinta!
12 Kowe iku padha oleh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksadhiyani papan kang rupek ana ing atimu.
13 Mulane saiki, supaya padha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku --: Atimu wengakna kang ngeblak!
14 Aja nganti kowe padha dadi rakitan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab kabeneran iku ana gegayutane apa karo duraka? Utawa kapriye bisane pepadhang tetunggalan karo pepeteng?
15 Apa ana jumbuhe Sang Kristus karo Belial iku? Panduman apa kang diduweni bebarengan dening wong kang pracaya lan ing wong kang ora pracaya?
16 Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikake dening Gusti Allah mangkene:“Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau,lan gesang ana ing tengah-tengahe,lan Ingsun bakal dadi Allahe,lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.