4 Nanging ing sadhengah prakara aku nelakake manawa aku iki padha abdining Allah, yaiku: kebak kasabaran, sajroning nandhang sangsara, ing karupekan, lan ing reribed,
5 ing sajrone kasiksa, kakunjara lan pageger, rekasa, kepeksa melek, lan kepeksa ngelih;
6 ing kasucening ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Sang Roh Suci lang ing sih katresnan kang salugu;
7 ing sajroning martakake kabeneran lan panguwaosing Allah; kanthi migunakake gegamaning kaadilan kanggo nempuh utawa nanggulangi
8 nalika diaji-aji lan nalika diremehake; nalika diundhat-undhat utawa nalika dialem; nalika kadakwa dadi juru apus, nanging dipracaya,
9 kaya wong kang ora ana kang wanuh, nanging kondhang; kaya wong kang meh mati, mangka padha urip, kaya wong kang disiksa nanging ora mati,
10 kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wongkang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.